Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

Contoh teks pidato sambutan kepala sekolah acara perpisahan bahasa jawa



Contoh Sambutan  Kepala Sekolah dalam B.JAWA

Ingkang Kinurmatan, Bapak  - Ibu guru
 saha para Karyawan - Karyawati
saha para  siswa kelas 9 ingkang kula tresnani
                        Kaping pisan, sumangga kita konjukaken puja/puji syukur dumateng ngersanipun gusti allah SWT ingkang sampun paring rahmat,taufiq, saha hidayahipun damel kita sedaya.Kaping pindo salawat saha salam mugi – mugi tetep kalimpahaken dumateng junjungan kita ingkang agung, nabi Muhammad SAW ingkang ngasta kita saking jaman jahiliyah dumugi zaman islamiyah ingkang sampun kita raosaken menika.
Para siswa kelas 9 ingkang minulya,
                        Mboten keraos, sampun  3 warsa para siswa nggayuh ilmu dumateng SMPN 1 JETIS menika, sampun wancinipun para siswa nglanjutaken pendidikan ingkang langkung inggil. Mugi -  mugi para siswa saged nglanjutaken pendidikan dumateng sekolah ingkang saged nuntun siswa, supados para siswa saged nggayuh punapa ingkang dados kepinginanipun. Para siswa kedah saged ningkataken porsi belajar supados para siswa saged dados siswa ingkang cerdas,beprestasi, berguna damel bangsa Negara saha agama.
Para siswa kelas 9 ingkang kula tresnani,
                        Kula supados Kepala Sekolah satuhunipun awrat sanget nglepas para siswa amargi siswa – siswi sedaya  menika sampun kados keluarga, namung amargi  para siswa kedah nglanjutaken pawiyatan ingkang langkung inggil, kula kedhah ikhlas. Para siswa, kula namung saged paring dedunga dumugi para siswa saged nglanjutaken pendidikan ingkang langkug inggil supados siswa saged nggayuh cita – citanipun.
                        Cekap semanten atur kula, menawi wonten kelepatan kula nuwun agunging samudra pangarsani. Akhirul kallam. Wassalamu’alaikum Wr.Wb.  

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar: